Minggu, 18 Desember 2016

PROFIL


Nama: Arif Setiyono

Tempat tanggal lahir : Purwokerto, 7 febuari 1977

Status: Sampun gadha Garwa

Anak  : 3 anak

kerjaan : Wiraswasta ( Bengkel Motor )

Tempat Bengkel : JL. kaliajir, kaliajir Lor, kalitirto, Berbah, Sleman, Yogyakarta (FARIZ MOTOR)

Dangunipun kerja : +- 15 tahun

Foto/Gambar: 
( Tampak Depan Faris Motor)

( Bapak arif sedang memperbaiki motor )

( Bapak arif sedang memperbaiki motor )


Seneng kaliyan susane kerja menika:
Seneng: miturut bapak arif setiyono  senengipun inggih menika saget mecahaken utawi ngerampungken motor ingkang radi ruwet menawi didandani. Menawi saget ketemu kaliyan pelanggan ingkang tiyangipun sae menika saget dadosaken bapak arif setiyono menika seneng langkung malih menawi pelanggan menika maringi bayaran ingkang langkung, dandani motor ingkang gampil lan cepet rampung amargi saget gantosan dandani motor sanesipun

Susah: menawi jawah (hujan) menika bapak arif mboten saget makarya, lan menawi wonten motor ingkang radi ruwet anggonipun ngerampungaken menika dados langkung dangu dados bapak arif menika saget lembur dumugi dalu anggonipun dandani motor menika, lan susah ingkang sanesipun menawi spare part motor menika mboten wonten ing saben toko onderdil menika bapak arif kedah madosaken spare part motor supados motor menika saget normal dados menawi wontenipun radi tebeh menika kedah dipun tumbas. Susah salajengipun menawi wonten motor ingkang macet wonten dalan menika kedah dipun tulung kanthi ikhlas amargi mboten mesti ingkang gadha motor menika sampun beta artha ingkang langkung kangge jaga-jaga menawi motoripun macet dados montir menika kedah siap tulung tinulung kanthi ikhlas.

Wejangan kangge generasi muda :
Bapak arif ngendika kangge ingkang tasiih enom supados sinau kanthi tenanan, kaliyan  badhe bikak usaha kunci utama menika kedah ulet mboten gampang mundur anggonipun usaha kedah ditelateni kanthi ati sing madheb lan manteb.



Nama anggota kelompok :Yudha riswanto     ( 15205241006 )
                                          Dita ayu wardhani ( 15205241016 )





#MontirYogya#Bengkelmotor#Motor#Jawa#Motor_macet#Motor_Mogok#Servis_motor#dll