Kamis, 05 Januari 2017

Mluntir

Dening: Yudha Riswanto
 
Wayah wengi lingsir..
Aku nglilir,
Swarane gangsir..
Ngancani anggonku mikir
Mikir sliramu sangsaya nyingkir
Aku kuwatir..
Rasaku ketir-ketir
Sliramu sing tak pikir
Amung nganggep aku pasir
Sing kesebul angin sumilir
Apa aku kudu minggir?
Merga atimu wis mluntir..

Ngudi Ngelmu (Geguritan Gambuh)



Dening : Yudha Riswanto

Ayo padha sinau..
Ngudi ngelmu kanggo bekal sangu
Bekal sangu supaya uripmu becik
Urip becik uga makmur
Ora dadi wong kang asor..

Tetulungan (Geguritan Kinanthi)



Dening : Yudha Riswanto

Padha senenga tetulung..
Tetulungan tanpa pamrih
Mugi pikantuk ganjaran
Amal becik saking Gusti
Kanggo sangu mlebu swarga
Supaya uripmu mukti..