“Ana
Dalane”
Dening : Yudha Riswanto
Jagone
wis padha kluruk. Hawane isih adem lan katon iseh peteng. Srengengene durung
jedul. Ananging Marni wis tangi turu. Mula banjur namati jam. Jam 03.30. Durung
wayahe sembahyang subuh ananging arep merem meneh wis ora bisa. Marni lendhetan
ana ing amben sinambi ngalamun. Marni mikirake kepiye nasibe mengko yen wis
lulus SMA. Marni kepengen banget nglanjutake sekolah dhuwur sawise lulus SMA.
Pokoke bisa ora bisa, kudu kuliah, wis mung kuwi sing dipikirake Marni. Ora
ngerti mengko kuliah ing ngendi utawa biaya saka ngendi. Tujuanne Marni mung
kepengin ngowahi derajate wong tuwane, bisa sekolah dhuwur supaya bisa oleh
kerja kang ora sangsara. Marni mikir yen biji-bijine saben semester mesthi
lumayan apik, amarga pancen wiwit saka mlebu SMA, Marni wis duwe niyat yen
dheweke arep kuliah, mula bijine kudu apik-apik. Ora let suwe, Marni krungu
adan Subuh saka kadohan. Ora krasa jebul anggone mikir wis suwe. Marni banjur
sembahyang.
Jam 06.30 . Ibuke Marni kang nembe bubar masak marani
Marni.
“Ndhuk, ayo sarapan bareng-bareng”. Ibuke Marni ngajak
Marni sarapan.
“Oh inggih bu sekedhap”. Semaure Marni.
“Gek ndang ya ndhuk, selak dienteni Bapak lan adhikmu.
“Inggih Bu”
Marni mlaku menyang mburi arep sarapan karo Bapak, Ibu
lan Adhike. Sanadyan sarapan mung karo tempe lan sambel ananging rasane enak
banget merga mangane bareng-bareng sakulawarga. Ibu lan bapake Marni pancen
ngulinakake sarapan bareng supaya kulawarga bisa tetep raket, ora ana kang
meneng-meneng dhewe. Sarapane ing pawon. Ibuke Marni runtut jupukake sega
kanggo bapake Marni, dilanjut kanggo ibuke Marni dhewe, banjur Marni lan adhike
Marni.
“Wah segane sajak pulen. Enak tenan ki”. Ngendikane
bapake Marni.
“Masakane Ibu mesthi eca pak” semaure Marni.
“Wah yo jelas mbak, ibuke sapa dhisik” semaure Yanti adhike
Marni.
“Wis gek ayo padha sarapan”. Ngendikane ibuke Marni
karo mesem.
Nalika isih
padha sarapan, Marni mikirake maneh kapenginane anggone kuliah. Marni pengin
ngomong marang bapak lan ibuke. Ananging ora wani yen bapak lan ibuke ora
sarujuk merga ora ana bandha kanggo ngragadi kuliah. Mangan saben dina lan
nutupi kabutuan saben dina wae isih kurang. Kangmase Marni nembe bae omah-omah, mula bapak lan ibuke wis
ngentekne dhuwit akeh kanggo duwe gawe.
Sawise padha rampung sarapan, alon-alon Marni ngomong
menyang bapake.
“Pak, kula sedhela malih pengumuman ujian. Kula
kepengin daftar kuliah pak, supados kula saged gadhah ilmu kathah, makarya
kepenak saha saged ngowahi drajat tiyang sepuh”. Marni matur marang Bapake.
“Ndhuk, ndhuk, sing tak karepi ya ngono, kowe
bisa lanjut kuliah, bisa oleh ilmu akeh, bisa kerja kepenak lan sukses, nanging
piye maneh, aku ora duwe apa-apa” ngendikane bapake Marni karo nyawang Marni.
Marni amung bisa dingkluk. Ora
wani nyawang bapake.
“Kuliah kuwi ora mung nganggo dhuwit sewu rongewu
ndhuk, nanging yuta-yutanan. Wong Bapakmu iki mung kuli, ibumu yo kuli.
Kangmasmu kang mesthine mbantu ya wis duwe bojo,banjur yen kowe kuliah sapa
sing arep mbandhani? Aku ora kuwat ndhuk, kowe ya ngerti nembe bae wingi
bandhane bapak bubar kanggo rabine kangmasmu, saiki ya ora ana apa-apa maneh,
bisa mangan wareg wae sukur ndhuk”. Ngendikane Bapake Marni.
Krungu jawabane Bapake kang kaya mengkono, Marni
meneng. Dheweke pengen nangis ananging ditahan. Marni ora kepengin nangis ning
ngarepe wong tuwane. Ananging Marni ketok banget kuciwa. Ibu lan bapake mesthi
wae ngerti perasaane Marni kang mung meneng bae tanpa ngomong apa-apa.
“Inggih Pak. Kula badhe mangkat sekolah rumiyin pak,
mbok menawa samangke wonten pengumuman penting” Pamite Marni marang bapak lan
ibuke.
“Ati-ati ya ndhuk, muga-muga wae ana dalan kanggo kowe
supaya bisa kuliah”. Ngendikane ibuke Marni sinambi ngelus-elus rambute Marni
nalika Marni salaman karo ibune.
Marni banjur mangkat sekolah karo Intan, kanca kelase.
Nalikane teka ing sekolahan Marni lan Intan mara ing papan pengumuman golek
info kang ana kaitane karo kalulusan. Jebul durung ana pengumuman apa-apa.
Banjur Marni karo Intan jagongan ing ngarep mushola sekolah karo
ngomong-ngomong apa kang arep dilakoni sawise lulus.
“Marni, kowe arep kuliah ora?” Intan miwiti omong
babagan kuliah.
“Kepenginku sih ngono, tapi yo embuh. Bapakku ora bisa
ngragadi, nanging aku pengen banget kuliah” . semaure Marni.
“Lho, aku yo embuh ding. Aku durung ngomong karo
Bapakku, nanging yen aku ora diolehi kuliah aku kerja wae lah ben entuk dhuwit.
Hehe” jawabe Intan.
“Hmm... ah aku sih pengene kuliah, aku kaya ora siyap yen
langsung kerja”
“Ya wis, mengko ya ana dalane dhewe Ni” semauri Intan
sinambi nyekel tangane Marni.
“Amin Tan. Muga-muga awakedhewe padha-padha bisa
kuliah ya Tan”.
“Iya Ni. Amin. Ayo mulih , ora ana pengumuman kok”.
Marni lan Intan banjur mlaku tumuju ing parkiran, nalika
liwat ngarep ruang guru lan BK, Marni lan Intan weruh pengumuman pendaftaran
kuliah jalur SNMPTN. Marni lan Intan padha tamat-tamatan, banjur langsung mlebu
ing ruang BK nemoni guru BK kanggo takon-takon masalah pendaftaran SNMPTN. Ing
ruang BK ana Pak Rudi, Marni takon babagan SNMPTN karo Pak Rudi.
“Pak, pendaftaran SNMPTN menika kados pundi nggih
Pak?”
“Iku pendaftaran kuliah ing perguruan tinggi negeri
jalur undangan ndhuk, iku jalur kang paling penak, merga ora nganggo tes, mung
nganggo biji rapotmu. Daftaro ya ndhuk, eman lho kowe kuwi pinter”. Ngendikne
Pak Rudi.
“Sakjane yo kula kersa Pak. Nanging kuliah menika
wonten beasiswa menapa boten nggih Pak? Merga Bapak kula boten saged ngragadi
Pak”. Jawabe Marni.
“Aja kuwatir ndhuk, kowe bisa daftar program
Bidikmisi. Iku beasiswa kuliah awit nembe kuliah nganti lulus. Kowe ya oleh
dhuwit jatah saben wulan. Sesuk tak ajari ndhuk, mangkat wae ing sekolahan
nggawa persyaratan kaya sing wis tak tempel ana ngarep ndhuk”. Ngendikane Pak
Rudi.
“Oh nggih Pak, maturnuwun nggih Pak”.
“Iya, kanca-kancamu kandhanono ya ndhuk”
“Inggih Pak”.
Krungu apa sing dijelaske Pak Rudi, Marni karo Intan
krasa seneng banget. Kepengin ndang sesuk, budhal sekolah maneh nggawa
persyaratan kanggo daftar kuliah. Cepet-cepet Marni karo Intan balik menyang
omah.
Teka ing omah Marni langsung nggoleki berkas-berkas
kang dadi persyaratane daftar SNMPTN. Marni takon Ibuke werna-werna, kayata KK,
KTP Ibu lan Bapak, lan liya-liyane, nanging Marni ora ngomong kanggo daftar
kuliah, nanging mung ngomong arep kanggo penting.
Isuk-isuk Marni lan Intan wis tekan sekolahan banjur
goleki Pak Rudi. Jebul wis akeh kanca-kanca sing wis mangkat. Kabeh bocah
kalebu Marni lan Intan dikongkon ing ruang komputer. Ing ruang komputer kabeh
dipandu carane daftar SNMPTN. Akeh banget cara-carane. Nalikane kabeh tahap
daftar SNMPTN wis rampung, Marni ngrasa lega banget,. nanging Marni ya rada
wedi mbok menawa ora ketampa.
“Tan, aku wedi yen ora ketampa”. Marni ngomong karo
Intan.
“Aku ya iya Ni, nanging ya ndonga wae lah, muga-muga
ditampa”
“Ah, iya iya. Ora ditampa ya wis, durung rejekine”
“Iya, yo wes ayo mulih”. Intan ngajak Marni mulih.
Bengi-bengi
nalika bubar maem bareng-bareng, Marni ngomong marang Bapake.
“Pak, Bu, kula daftar kuliah. Jalur SNMPTN, menika
jalur undangan kangge kuliah ing perguruan tinggi negeri. Daftare boten bayar,
boten ngangge tes, namung ngangge biji rapot Pak, Bu. Kula nggih daftar
beasiswa Pak, Bu. Supados boten mbebani Bapak saha Ibu. Beasiswanipun menika
wiwit mlebet kuliah ngantos lulus”. Marni jelasake marang Ibu lan Bapake.A
“Ya wis ndhuk yen mengkono, kuliyaha wong iku kepenginanmu.
Aku mung bisa mbantu donga supaya ditampa, ora bisa ngragadi. Nanging yen kowe
pancen wis bener-bener niyat mengko tak golekke dhuwit kanggo menyang panggonan
kuliahmu. Sing penting kowe kuliah sing bener”. Ngendikane Bapake Marni.
“Inggih Pak, maturnuwun Pak Bu” semaure Marni
sumringah sinmbi nyium tangane Bapak lan Ibuke.
Lega rasane atine Marni krungu omongane Bapake kang
kaya mengkono. Marni mung kari ndonga supaya ditampa lan ngetung dina kanggo
pengumuman. Nanging tetep bae Marni kuwatir mbok menawa ora ditampa.
Dina kang ditunggu teka, yaiku dina pengumuman SNMPTN.
Marni wis pasrah banget, ditampa ya sukur, ora ya ora apa-apa. Sore-sore, Marni
bukak website pengumuman SNMPTN liwat
hp. Ora nyana, jebul Marni ditampa pendaftaran SNMPTN. Ngerti kabar kaya
mengkono Marni langsung ngomong marang Bapak lan Ibu. Kabeh pada ngucap rasa
syukur lan seneng banget.
“Slamet ya ndhuk. Muga-muga kowe dadi wong sukses”
ngendikane Bapak.
“Inggih pak, maturnuwun sanget pak”. Semaure Marni
sinambi nyium tangane bapak lan ibuke. Bapak, Ibuk lan adhike Marni padha
ngrangkul Marni saking padha bungah atine. Pancen bener, kabeh kuwi ana
dalanane yen gelem sabar lan niyat.