Cerkak
"Sumber
Taman"
Dening: Yudha Riswanto
Jaman
semana nalika aku kelas 4 SD, aku seneng banget dolan karo kanca-kancaku.
Sawijining dina guruku rapat banjur kabeh murid-muride oleh mulih disik. Aku karo
kanca-kancaku rembugan kepingin dolan bareng sinambi refreshing alias dolan
ngademke pikir. Banjur kabeh kanca-kancaku kuwi sarujuk arep dolan ning Sumber
Taman.
Sumber Taman kuwi salah sawijining panggonan kanggo
adus utawa asring dipun sebat tempat renang kuwi yen nganggo bahasa Indonesia. Sumber Taman kuwi panggonan adus ingkang alami. Iso
diarani Sumber Taman merga sumber artine nyumber
utawa metu banyune. Yen taman merga akeh wit-witan. Pancene bener sumber
taman panggonan adus sing banyune nyumber
amerga wit-witane gedhi.
Aku bali ana ing ngomah merga ameh ganti klambi karo
pamitan ning bapak sinambi ngenteni kanca-kancaku nyusul. Ora let suwe
kira-kira 30 menit kancaku teka banjur nyeluki aku . Aku pamit karo bapak
“Kula dolan kaliyan kanca-kanca badhe ten Sumber Taman
nggih pak” aku pamitan ning bapak.
Kanca-kancaku sing melu ning Sumber Taman kui ana 7
ya iku ana Fadhil, Ifan, Dayat, Arif, Aziz, Sahid, Fafan. Kabeh pada gawa pit dhewe-
dhewe. Sak durunge mangkat aku rembugan karo kanca-kancaku.
“Iki ameh liwat ngendi cah?” pitakonku marang
kanca-kancaku.
” Liwat dalan gedhe wae” jawabe Fadil.
“Aja dalan e rame dil” semaure Aziz
“Manut aku cah penting dolan” ifan melu ngomong.
“Wah bocah kok manutan.!” Semaure Sahid.
“ Piye yen metu Sapindo wae cah” usule fafan.
“Sapindo kuwi ngendi fan..?” pitakonku.
“Sapindo kui dalan
sing ning sawah kae, sing panggonane akeh sapine kae loh burine POM bensin kae”
jawabe sahid.
“Iya wis liwat kono wae, ayo mangkat cah”.
Aku karo kanca-kancaku banjur mangkat. Ana ing dalan aku karo kanca-kancaku
ngepit sinambi guyonan. Sawise 10 menit aku karo kanca-kancaku tekan ing
sapindo.
“Yud kae lho sapine akeh tenan” Ifan judingi sapi.
“Iya fan gedhi- gedhi ya, sapine diumbar ora
dicencang ” semaurku.
Aku karo kanca-kancaku nonton sapi ing Sapindo
sedilit karo leren. Bibar kui aku karo kancaku neruske ngepit ning Sumber Taman.
Kira-kira 20 menit aku karo kancaku wis teka ing Sumber Taman. Aku
karo kanca-kancaku padha nuntun pit ananging ana bocah siji sing ora
nuntun pit.
“Dituntun sepedane Fan.. !” bengokku.
“Alah ora popo ya” semaure Ifan.
Ora suwe Ifan nyemplung karo sepedane ana ing Sumber Taman. Kabeh kancane padha guyu. “Kakean
gaya Fan..kapok” bengoku lan kanca-kanca sinambi guyu.
Aku lan
kanca-kancaku banjur adus ing Sumber Taman. Sawise adus, aku lan kanca-kancaku
banjur bali ngomah kanthi ati bungah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar