Minggu, 23 Oktober 2016

Cerkak



“Ana Dalane”
Dening : Yudha Riswanto

            Jagone wis padha kluruk. Hawane isih adem lan katon iseh peteng. Srengengene durung jedul. Ananging Marni wis tangi turu. Mula banjur namati jam. Jam 03.30. Durung wayahe sembahyang subuh ananging arep merem meneh wis ora bisa. Marni lendhetan ana ing amben sinambi ngalamun. Marni mikirake kepiye nasibe mengko yen wis lulus SMA. Marni kepengen banget nglanjutake sekolah dhuwur sawise lulus SMA. Pokoke bisa ora bisa, kudu kuliah, wis mung kuwi sing dipikirake Marni. Ora ngerti mengko kuliah ing ngendi utawa biaya saka ngendi. Tujuanne Marni mung kepengin ngowahi derajate wong tuwane, bisa sekolah dhuwur supaya bisa oleh kerja kang ora sangsara. Marni mikir yen biji-bijine saben semester mesthi lumayan apik, amarga pancen wiwit saka mlebu SMA, Marni wis duwe niyat yen dheweke arep kuliah, mula bijine kudu apik-apik. Ora let suwe, Marni krungu adan Subuh saka kadohan. Ora krasa jebul anggone mikir wis suwe. Marni banjur sembahyang.

Jam 06.30 . Ibuke Marni kang nembe bubar masak marani Marni.
“Ndhuk, ayo sarapan bareng-bareng”. Ibuke Marni ngajak Marni sarapan.
“Oh inggih bu sekedhap”. Semaure Marni.
“Gek ndang ya ndhuk, selak dienteni Bapak lan adhikmu.
“Inggih Bu”
Marni mlaku menyang mburi arep sarapan karo Bapak, Ibu lan Adhike. Sanadyan sarapan mung karo tempe lan sambel ananging rasane enak banget merga mangane bareng-bareng sakulawarga. Ibu lan bapake Marni pancen ngulinakake sarapan bareng supaya kulawarga bisa tetep raket, ora ana kang meneng-meneng dhewe. Sarapane ing pawon. Ibuke Marni runtut jupukake sega kanggo bapake Marni, dilanjut kanggo ibuke Marni dhewe, banjur Marni lan adhike Marni.
“Wah segane sajak pulen. Enak tenan ki”. Ngendikane bapake Marni.
“Masakane Ibu mesthi eca pak” semaure Marni.
“Wah yo jelas mbak, ibuke sapa dhisik” semaure Yanti adhike Marni.
“Wis gek ayo padha sarapan”. Ngendikane ibuke Marni karo mesem.
 Nalika isih padha sarapan, Marni mikirake maneh kapenginane anggone kuliah. Marni pengin ngomong marang bapak lan ibuke. Ananging ora wani yen bapak lan ibuke ora sarujuk merga ora ana bandha kanggo ngragadi kuliah. Mangan saben dina lan nutupi kabutuan saben dina wae isih kurang. Kangmase Marni  nembe bae omah-omah, mula bapak lan ibuke wis ngentekne dhuwit akeh kanggo duwe gawe.
Sawise padha rampung sarapan, alon-alon Marni ngomong menyang bapake.
“Pak, kula sedhela malih pengumuman ujian. Kula kepengin daftar kuliah pak, supados kula saged gadhah ilmu kathah, makarya kepenak saha saged ngowahi drajat tiyang sepuh”. Marni matur marang Bapake.
 “Ndhuk, ndhuk, sing tak karepi ya ngono, kowe bisa lanjut kuliah, bisa oleh ilmu akeh, bisa kerja kepenak lan sukses, nanging piye maneh, aku ora duwe apa-apa” ngendikane bapake Marni karo nyawang Marni.
Marni amung bisa dingkluk. Ora wani nyawang bapake.
“Kuliah kuwi ora mung nganggo dhuwit sewu rongewu ndhuk, nanging yuta-yutanan. Wong Bapakmu iki mung kuli, ibumu yo kuli. Kangmasmu kang mesthine mbantu ya wis duwe bojo,banjur yen kowe kuliah sapa sing arep mbandhani? Aku ora kuwat ndhuk, kowe ya ngerti nembe bae wingi bandhane bapak bubar kanggo rabine kangmasmu, saiki ya ora ana apa-apa maneh, bisa mangan wareg wae sukur ndhuk”. Ngendikane Bapake Marni.

Krungu jawabane Bapake kang kaya mengkono, Marni meneng. Dheweke pengen nangis ananging ditahan. Marni ora kepengin nangis ning ngarepe wong tuwane. Ananging Marni ketok banget kuciwa. Ibu lan bapake mesthi wae ngerti perasaane Marni kang mung meneng bae tanpa ngomong apa-apa.

“Inggih Pak. Kula badhe mangkat sekolah rumiyin pak, mbok menawa samangke wonten pengumuman penting” Pamite Marni marang bapak lan ibuke.
“Ati-ati ya ndhuk, muga-muga wae ana dalan kanggo kowe supaya bisa kuliah”. Ngendikane ibuke Marni sinambi ngelus-elus rambute Marni nalika Marni salaman karo ibune.

Marni banjur mangkat sekolah karo Intan, kanca kelase. Nalikane teka ing sekolahan Marni lan Intan mara ing papan pengumuman golek info kang ana kaitane karo kalulusan. Jebul durung ana pengumuman apa-apa. Banjur Marni karo Intan jagongan ing ngarep mushola sekolah karo ngomong-ngomong apa kang arep dilakoni sawise lulus.

“Marni, kowe arep kuliah ora?” Intan miwiti omong babagan kuliah.
“Kepenginku sih ngono, tapi yo embuh. Bapakku ora bisa ngragadi, nanging aku pengen banget kuliah” . semaure Marni.
“Lho, aku yo embuh ding. Aku durung ngomong karo Bapakku, nanging yen aku ora diolehi kuliah aku kerja wae lah ben entuk dhuwit. Hehe” jawabe Intan.
“Hmm... ah aku sih pengene kuliah, aku kaya ora siyap yen langsung kerja”
“Ya wis, mengko ya ana dalane dhewe Ni” semauri Intan sinambi nyekel tangane Marni.
“Amin Tan. Muga-muga awakedhewe padha-padha bisa kuliah ya Tan”.
“Iya Ni. Amin. Ayo mulih , ora ana pengumuman kok”.

Marni lan Intan banjur mlaku tumuju ing parkiran, nalika liwat ngarep ruang guru lan BK, Marni lan Intan weruh pengumuman pendaftaran kuliah jalur SNMPTN. Marni lan Intan padha tamat-tamatan, banjur langsung mlebu ing ruang BK nemoni guru BK kanggo takon-takon masalah pendaftaran SNMPTN. Ing ruang BK ana Pak Rudi, Marni takon babagan SNMPTN karo Pak Rudi.
“Pak, pendaftaran SNMPTN menika kados pundi nggih Pak?”
“Iku pendaftaran kuliah ing perguruan tinggi negeri jalur undangan ndhuk, iku jalur kang paling penak, merga ora nganggo tes, mung nganggo biji rapotmu. Daftaro ya ndhuk, eman lho kowe kuwi pinter”. Ngendikne Pak Rudi.
“Sakjane yo kula kersa Pak. Nanging kuliah menika wonten beasiswa menapa boten nggih Pak? Merga Bapak kula boten saged ngragadi Pak”. Jawabe Marni.
“Aja kuwatir ndhuk, kowe bisa daftar program Bidikmisi. Iku beasiswa kuliah awit nembe kuliah nganti lulus. Kowe ya oleh dhuwit jatah saben wulan. Sesuk tak ajari ndhuk, mangkat wae ing sekolahan nggawa persyaratan kaya sing wis tak tempel ana ngarep ndhuk”. Ngendikane Pak Rudi.
“Oh nggih Pak, maturnuwun nggih Pak”.
“Iya, kanca-kancamu kandhanono ya ndhuk”
“Inggih Pak”.
Krungu apa sing dijelaske Pak Rudi, Marni karo Intan krasa seneng banget. Kepengin ndang sesuk, budhal sekolah maneh nggawa persyaratan kanggo daftar kuliah. Cepet-cepet Marni karo Intan balik menyang omah.
Teka ing omah Marni langsung nggoleki berkas-berkas kang dadi persyaratane daftar SNMPTN. Marni takon Ibuke werna-werna, kayata KK, KTP Ibu lan Bapak, lan liya-liyane, nanging Marni ora ngomong kanggo daftar kuliah, nanging mung ngomong arep kanggo penting.
Isuk-isuk Marni lan Intan wis tekan sekolahan banjur goleki Pak Rudi. Jebul wis akeh kanca-kanca sing wis mangkat. Kabeh bocah kalebu Marni lan Intan dikongkon ing ruang komputer. Ing ruang komputer kabeh dipandu carane daftar SNMPTN. Akeh banget cara-carane. Nalikane kabeh tahap daftar SNMPTN wis rampung, Marni ngrasa lega banget,. nanging Marni ya rada wedi mbok menawa ora ketampa.

“Tan, aku wedi yen ora ketampa”. Marni ngomong karo Intan.
“Aku ya iya Ni, nanging ya ndonga wae lah, muga-muga ditampa”
“Ah, iya iya. Ora ditampa ya wis, durung rejekine”
“Iya, yo wes  ayo mulih”. Intan ngajak Marni mulih.

 Bengi-bengi nalika bubar maem bareng-bareng, Marni ngomong marang Bapake.

“Pak, Bu, kula daftar kuliah. Jalur SNMPTN, menika jalur undangan kangge kuliah ing perguruan tinggi negeri. Daftare boten bayar, boten ngangge tes, namung ngangge biji rapot Pak, Bu. Kula nggih daftar beasiswa Pak, Bu. Supados boten mbebani Bapak saha Ibu. Beasiswanipun menika wiwit mlebet kuliah ngantos lulus”. Marni jelasake marang Ibu lan Bapake.A
“Ya wis ndhuk yen mengkono, kuliyaha wong iku kepenginanmu. Aku mung bisa mbantu donga supaya ditampa, ora bisa ngragadi. Nanging yen kowe pancen wis bener-bener niyat mengko tak golekke dhuwit kanggo menyang panggonan kuliahmu. Sing penting kowe kuliah sing bener”. Ngendikane Bapake Marni.
“Inggih Pak, maturnuwun Pak Bu” semaure Marni sumringah sinmbi nyium tangane Bapak lan Ibuke.
Lega rasane atine Marni krungu omongane Bapake kang kaya mengkono. Marni mung kari ndonga supaya ditampa lan ngetung dina kanggo pengumuman. Nanging tetep bae Marni kuwatir mbok menawa ora ditampa.

Dina kang ditunggu teka, yaiku dina pengumuman SNMPTN. Marni wis pasrah banget, ditampa ya sukur, ora ya ora apa-apa. Sore-sore, Marni bukak website pengumuman SNMPTN liwat hp. Ora nyana, jebul Marni ditampa pendaftaran SNMPTN. Ngerti kabar kaya mengkono Marni langsung ngomong marang Bapak lan Ibu. Kabeh pada ngucap rasa syukur lan seneng banget.
“Slamet ya ndhuk. Muga-muga kowe dadi wong sukses” ngendikane Bapak.
“Inggih pak, maturnuwun sanget pak”. Semaure Marni sinambi nyium tangane bapak lan ibuke. Bapak, Ibuk lan adhike Marni padha ngrangkul Marni saking padha bungah atine. Pancen bener, kabeh kuwi ana dalanane yen gelem sabar lan niyat.


Minggu, 16 Oktober 2016

Sumber Taman

Cerkak 

"Sumber Taman"
Dening: Yudha Riswanto

            Jaman semana nalika aku kelas 4 SD, aku seneng banget dolan karo kanca-kancaku. Sawijining dina guruku rapat banjur kabeh murid-muride oleh mulih disik. Aku karo kanca-kancaku rembugan kepingin dolan bareng sinambi refreshing alias dolan ngademke pikir. Banjur kabeh kanca-kancaku kuwi sarujuk arep dolan ning Sumber Taman.
Sumber Taman kuwi salah sawijining panggonan kanggo adus utawa asring dipun sebat tempat renang kuwi yen nganggo bahasa Indonesia. Sumber  Taman kuwi panggonan adus ingkang alami. Iso diarani Sumber  Taman merga  sumber  artine nyumber  utawa metu banyune. Yen taman merga akeh wit-witan. Pancene bener sumber taman panggonan adus sing banyune nyumber  amerga wit-witane gedhi.
Aku bali ana ing ngomah merga ameh ganti klambi karo pamitan ning bapak sinambi ngenteni kanca-kancaku nyusul. Ora let suwe kira-kira 30 menit kancaku teka banjur nyeluki aku . Aku pamit karo bapak
“Kula dolan kaliyan kanca-kanca badhe ten Sumber Taman nggih pak” aku pamitan ning bapak.
Kanca-kancaku sing melu ning Sumber Taman kui ana 7 ya iku ana Fadhil, Ifan, Dayat, Arif, Aziz, Sahid, Fafan. Kabeh pada gawa pit dhewe- dhewe. Sak durunge mangkat aku rembugan karo kanca-kancaku.
“Iki ameh liwat ngendi cah?” pitakonku marang kanca-kancaku.
” Liwat dalan gedhe wae” jawabe Fadil.
“Aja dalan e rame dil”  semaure Aziz
“Manut aku cah penting dolan” ifan melu ngomong.
“Wah bocah kok manutan.!” Semaure Sahid.
“ Piye yen metu Sapindo wae cah” usule fafan.
“Sapindo kuwi ngendi fan..?” pitakonku.
 “Sapindo kui dalan sing ning sawah kae, sing panggonane akeh sapine kae loh burine POM bensin kae” jawabe sahid.
“Iya wis liwat kono wae, ayo mangkat cah”.
Aku karo kanca-kancaku banjur  mangkat. Ana ing dalan aku karo kanca-kancaku ngepit sinambi guyonan. Sawise 10 menit aku karo kanca-kancaku tekan ing sapindo.
“Yud kae lho sapine akeh tenan” Ifan judingi sapi.
“Iya fan gedhi- gedhi ya, sapine diumbar ora dicencang ” semaurku.
Aku karo kanca-kancaku nonton sapi ing Sapindo sedilit karo leren. Bibar kui aku karo kancaku neruske ngepit ning Sumber Taman. Kira-kira  20 menit  aku karo kancaku wis teka ing Sumber Taman. Aku karo kanca-kancaku  padha  nuntun pit ananging ana bocah siji sing ora nuntun pit.
“Dituntun sepedane Fan.. !” bengokku.
“Alah ora popo ya” semaure Ifan.
Ora suwe Ifan nyemplung karo sepedane ana ing  Sumber Taman. Kabeh kancane padha guyu. “Kakean gaya Fan..kapok” bengoku lan kanca-kanca sinambi guyu.

Aku   lan kanca-kancaku banjur adus ing Sumber Taman. Sawise adus, aku lan kanca-kancaku banjur bali ngomah kanthi ati bungah. 

Kamis, 06 Oktober 2016

jenis-jenis Nyerat kaliyan Ancasipun


Jenis-jenis nyerat kalian ancasipun nyerat:
Jenisipun nyerat menika wonten 5 inggih menika informatif, argumentative, persuasive, estetik. ekspresif,  Ancasipun nyerat menika gadahi pangajab penulis kados mekaten:
·        Informatif – tegesipun informative miturut kamus ageng resmi basa Indonesia inggih menika saking tembung in-for-ma-tif Adjektiva (kata sifat)  ancasipun inggih menika maringi informasi/( pawarta/ berita)  : beberaken utawi negesaken info ingkang asifat edukatif, stimulatif, infomatif dan persuasive menika tegesipun informative.
Tuladha : Siswa SMA Ora Lulus UN Paling Akeh
Provinsi paling anyar,Kalimantan Utara (Kaltara),taun iki paling akeh siswane SMA sing ora lulus ujian nasional (UN).Miturut Pejabat Gubernur Kaltara,Irianto Lambrie ,Selasa (20/5),saka murid SMA cacah 4.469 sing melu UN,112 ing antarane ,utawa 2,51 persen,gagal lulus.Miturut Irianto,penyebab ora luluse siswa mau maneka warna, nanging sing paling wigati yaiku merga wilayahe kekurangan guru sarta infrastruktur pendidikan isih durung tumata.Sebab,Kaltara madeg dadi provinsi dhewe lagi taun 2013 kepungkur sawise misahake dhiri saka Kalimantan Timur.

Kanggo nyuda cacahe siswa sing ora lulus ,taun ngarep Irianto bakal nggandheng Universitas Makassar lan Universitas Negeri Surabaya kanggo nambah sesurupane  para guru.Pangajabe,sawise dikuliahake,mutu sarta kualitase guru-guru mau mundhak becik saengga mangaribawani marang murid-muride.Kepala Dinas Pendidikan Kaltim,Musyahrim,mratelake,Kaltara durung bisa disejajarake  klawan provinsi-provinsi kang mutu pendidikane wis mapan.sebab saperangan gedhe fasilitas sekolah ing Kaltara isih ana sangisore standar

·        Argumentative- inggih menika paragraph ingkang ngajak sinten kemawon ingkang maos supados gadahi keyakinan sarujuk ( pro / setuju ) utawi mboten sarujuk (contra/ tidak setuju).
Menika ingkang asering dipunsebat paragraph argumentative.
Tuladha :
IWIT BAJING LAN TIKUS CILIK

Iwit si bajing sing manggon ing wit klapa pinggir dalan gedhe sedhih atine. geneya ? sebab dheweke durung duwe pasedhiyan pangan senajan mung sethithik. kamangka sedhela engkas wis mangsa rendheng. nanging apa sing dialami iwit iki ya merga saka kesede dhewe. kemangka, wit klapa sing dipanggoni turu wis ora nguwoh maneh jalaran saking tuwane umure.
Sasuwene mangsa ketiga iwit turu wae. emoh nyambut gawe. mulane, saiki iwit munyeng mikirake tekane mangsa rendheng mengko, piye bisane ing mangsa iku dheweke panggahmangan kaya biasane. ora kaliren.

·        Persuasif – inggih menika nulis ingkang ancasipun ajakan utawi (menghasut) .
Tuladha : AWAS kowe NYOBA….. KETAGIHAN
kowe MAKE…. kepaten
 SAY NO TO DRUGS !
 NARKOBA yaiku pamateni getihan adhem !!
adohi utawa mati !



·        Estetik – inggih menika raos ingkang muncul saking indah edine objek utawi tulisan ingkang saget diraosaken kaliyan kita sedaya.
Tuladha : CITA CITAKU
Esok awan wengi aku sinau
Kanggo nentoake cita-citaku
sedurung turu kula sinau
tangi turu kula nggih sinau
kula sinau sedina-dina
Nggo nyenengake wong tuwa
Ingkang sampun ndonga’aken kula
Supados nggapai cita – cita
Oooh… gusti
Paringana rido awak kula
Supados kula saged bakti negri
Adohana kulo saking godaan setan
Oooh.. gusti
Paringana kesametan wong tuwa kula
lan paringana kesehatan wong tuwa kulo
supados saged mriksani kulo sukses
Oleh : Dyan Metri Oktavianto


·        Ekspresif – inggih menika nulis ingkang wonten suasana emosi- nilai-nilai kaliyan sanesipun ingkang gayut kalian rasa. “Ibu”
Ibu
anakmu kang dak wanti wanti
Kang dak kawatirake
Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki
Iki anakmu
Kang durung isa nyenengke ibu
Kang durung bisa nyenengke keluarga
Kang isih dadi tanggunganmu ibu
Nanging ibu
Anakmu iki bakal banggakke ibu
Banggakke keluarga kabeh
Anakmu rak bakal nyerah bu
Kanggo nyekel lintang ana langit
Kang kadhang ditutup mendhung
Kang kadhang mripat wae wis ora bisa weruh
Nanging anakmu iki janji ibu
Pengarang -Intan Nukhi Adhiya

narasumber: definisi menulis informatif, argumentative, persuasive, estetik. Ekspresif = http://wahsmart.blogspot.co.id/2016/10/definisi-pengertian-mengenai-ekspresif.html
            narasumber tuladha utawi contoh” =