nama anggota kelompok : berty istijabah putri 15205241001
yudha riswanto 15205241006
- Kathah ngunjuk toya utawi cairan.
Cairan
ingkang dipunsebut wonten mriki, kadosta; toya pethak, duduh jangan bening,
jus, utawi saged ugi menawi gendhis dipuncairaken lajeng dipuncampur sarem.
Kangge sakit diare kangge lare alit saged dipunangge oralit ingkang sampun siap
dipunangge. Menika penting sanget kangge nyegah saha ngatasi dehidrasi. Kangge
ukuran menawi cairan sampun sampun cekap inggih menika dipuntandhai kaliyan air
seni ingkang werninipun jene utawi bening. Kedah dipunmangertosi, boten
pareng ngunjuk unjukan ingkang ngandung kafein saha alkohol
amargi saged ningkataken pembuangan cairan tubuh.
- Dhahar tetedhan ingkang gampil dipuncerna.
Dhaharan
ingkang dipunsebut inggih menika dhaharan ingkang semipadat saha
tetedhan ingkang langkung sekedhik seratipun ngantos bebuwang saged normal
malih. Tuladhanipun, roti, biskuit, tigan, sekul, lan ayam.
- Mbatesi tetedhan tartamtu
Ingkang
dipunsebut wonten mriki, kadosta; susu, tetedhan ingkang ngandung kathah lemak
utawi tetedhan ingkang bumbunipun kiyat sarta tetedhan ingkang pedes ngantos
nyebabaken diare.
- Ngunjuk obat anti diare
Wonten
apotek utawi toko obat sampun kathah sanget obat kangge ngobati diare ingkang
saged ngirangi pergerakan usus saengga saged ngobati diare. Ananging
kedah ngatos-atos menawi ngginaaken obat diare, amargi kondhisi medis tartamtu
saha infeksi bakteri utawi parasit saged langkung nyebabaken boten sae. Menika
amargi obat diare nyegah badan kangge
ngobati diare. Obat diare ugi boten sehat kangge lare alit. Pramila langkung
sae menawi dipuntakekaken rumiyin
kaliyan dokter saderengipun mendhet obat menika utawi menawi badhe ngginaaken
kangge obat diare lare.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar