Badhe Nepangaken nama kula
Yudha Riswanto. Kula menika mahasiswa Pendidikan Basa Jawi. Kula dipun paringi
tugas saking dosen kula Ibu Avi Meilawati S.Pd, MA. Supados madosi tegesipun
nama kula.
Yudha
Riswanto menika kadadosan saking 2 tembung. “Yudha” menika ibu ngendika tegesipun “Pejuang utawi Perang”. Lajeng “Riswanto” menika tegesipun “Pengetahuan utawi Kawruh” . Ibu menika maringi kula nama Riswanto
amargi gadhahi pangajap kados kancanipun ibu ingkang Asmanipun Agus Riswanto.
Ngendikanipun ibu, Agus Riswanto menika priyantunipun pinter sanget saha
ibadahipun sregep. Lajeng ibu nggadahi pangajap supados kula saged dados tiyang
ingkang pinter saha sregep ibadah.
Saking menika saged
dipun dudut menawi ibu maringi nama kula Yudha Riswanto amargi ibu nggadahi
pangajab supados kula saged dados tiyang ingkang berjuang pados ilmu utawi
kawruh kangge bekal masa depan supados kula saged dados tiyang sukses ananging
tetep sregep anggenipun ibadah.