Sabtu, 10 September 2016

Tegesipun Nama Kula

Badhe Nepangaken nama kula Yudha Riswanto. Kula menika mahasiswa Pendidikan Basa Jawi. Kula dipun paringi tugas saking dosen kula Ibu Avi Meilawati S.Pd, MA. Supados madosi tegesipun nama kula.
Yudha Riswanto menika kadadosan saking 2 tembung. “Yudha” menika ibu ngendika tegesipun “Pejuang utawi Perang”. Lajeng “Riswanto”  menika tegesipun “Pengetahuan utawi Kawruh” . Ibu menika maringi kula nama Riswanto amargi gadhahi pangajap kados kancanipun ibu ingkang Asmanipun Agus Riswanto. Ngendikanipun ibu, Agus Riswanto menika priyantunipun pinter sanget saha ibadahipun sregep. Lajeng ibu nggadahi pangajap supados kula saged dados tiyang ingkang pinter saha sregep ibadah.

Saking menika saged dipun dudut menawi ibu maringi nama kula Yudha Riswanto amargi ibu nggadahi pangajab supados kula saged dados tiyang ingkang berjuang pados ilmu utawi kawruh kangge bekal masa depan supados kula saged dados tiyang sukses ananging tetep sregep anggenipun ibadah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar