Sabtu, 10 September 2016

Asal Mulanipun Desa Gondanglegi ing Kabupaten Malang

Desa Gondanglegi inggih menika salah satunggaling desa wonten ing Kabupaten Malang. Kenging menapa desa kula menika saged dipun wastani Gondanglegi? Wonten ing mriki kula badhe ngandharaken asal mulanipun desa kula saged dipun wastani desa Gondanglegi.
Gondanglegi menika sejatosipun kadadosan saking wit gondang. Dados Jaman rumiyin ing desa Gondanglegi menika wonten wit gondang. Wit gondang menika  wit ingkang wohipun pait sanget. Lajeng kenging menapa saged dipun wastani Gondanglegi? Cariyosipun  jaman rumiyin wonten resi ingkang nembe mlampah wonten ing wana. Resi menika asmanipun “Mbah Sogol”. Mbah Sogol menika priyantun ingkang sekti tur ampuh. Mbah sogol menika priyantunipun becik tur sekti sanget. Wonten ing wana menika, Mbah Sogol ngraosaken  ngelih sanget ananging mboten wonten dhaharan ingkang saged dipun dhahar. Lajeng Mbah Sogol mangggihi wonten wit gondang ingkang wohipun pait sanget. Ananging uwoh saking wit gondang ingkang pait sanget menika, nalika dipun dhahar kaliyan Mbah Sogol raosipun malih dados legi. Saking cariyos menika, para warga sarujuk menawi desa kula menikapun diwastani Gondanglegi.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar